Bahasa Jawa kelas 7, Jumat 13 Agustus 2021
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ayo anak anakku wulangan diwiwiti kanthi maca basmalah, Bismillahirrahmanirrahim
Kepiye kabare anak anakku sehat? Tetep semangat?
Ayo dicepake buku paket Kartika Basa Kelas VII lan alat tulismu. wis entuk buku paket basa jawa ta?
Dina iki nyinau bab Unggah ungguhe wong mlaku.
Bukake buku paket Kartika Basa Kelas VII kaca 16 - 19. Wacanen sing tliti dibolan baleni nganti paham
Yen anak anakku wis paham tenan mesthi bisa mangsuli pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi becik.
Pitakonan pitakonan ing ngisor iki tulisen lan wangsulana sisan ing buku tulismu kanthi bener.
ORA SAH DITUMPUK CUKUP TOKGARAP ING BUKU TULISMU PELAJARAN BASA JAWA
1. Geneya Renita anggone sekolah mung mlaku?
2. Renita kepethuk sapa wae?
3. Kepiye anggone mlaku bocah bocah iku?
4. Apa kang ditindakake Renita sakkanca nalika liwat ngarepe daleme pak lurah?
5. Apa kang ditindakake Renita sakwise tekan sekolahan?
6. Bab apa wae kang kudu digatekake nalika mlaku?
7. Apa wae sing kokngerteni tatakramane numpak kendaraan ing dalan gedhe?
Sepisan engkas soal lan jawabane tulisen ing buku tulismu pelajara basa jawa, ora sah ditumpuk cukup tokgarap ing buku tulismu.
Sugeng nggarap tugas anak anakku mesthi bisa nggarap kanthi becik
Nganti ketemu maneh ing wulangan candhake
DAFTAR HADIR : https://bit.ly/37Ccln8
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
0 Comments